Minggu, 07 Juni 2009

Manasik Haji

Nyuwun sewu bapak / ibu calon Haji, meniko sekedar tambahan referensi manasik haji ngangge basa jawa, yang disarikan dari berbagai sumber, barang kali ada manfaatnya.
LELAMPAHAN SAKING NDALEM
I. Dipun serat ing nginggile kori ingkang dipun langkungi naliko medal saking griyo
ان الذي فرض عليك القرا لراد ك الي معا د
2. Sak derange berangkat supados sholat sunnat kaleh rekaat . Bakdane salam ( tasih dalam keadaan lenggah ) mahos ayat kursi lan surat liila fi quras, nuli ndongo kanti khudur lan ikhlas ( Ya Allah kulo bade ngelampahi ibadah haji lan ziyaroh dateng kubure Rosululloh, milo kulo nyuwun pitulung lan taufiq )
Nuli ngadek lan mahos dongo :
اللهم اليك توجهت وبك اعتصمت اللهم اكفني ما اهمني وما لم اهتم به اللهم زود ني التقوي واغفرلي ذ نبي
Ya Allah namung dateng panjenengan kulo madep lan kulo nyuwun perlindungan, Ya Allah mugiyo pareng cekap dateng kulo menopo ingkang dados kepentingan lan kebetahan kulo. Ya Allah mugiyo paring sangu dateng kulo arupi sangu taqwa lan paring pangapunten ing doso kulo.
3. Menawi sampun siap badhe berangkat medal saking griyo mahos :
سورة الاخلاص X 11
معوذ تين X 1
لايلف X 11
دعاء
اذان (فونكاس)
بسم الله توكلت علي الله لا حول ولا قوة الا بالله
ان الذي فرض عليك القرا لراد ك الي معا د X 3
Menawi sampun ing nginggil kendaraan (bis utowo pesawat ) mahos surat alfatihah 21 x, ayat kursi 1 x lan dungo :
اللهم سلمني وسلم ما معي وبلغني وبلغ ما معي واحفظني واحفظ ما معي
Ya Allah mugi pareng selamet lan pareng prangekso dateng kulo serto barang – barang kulo lan panjenengan duge’ake ngantos tujuan.
Do’a ngadepi panggenan ingkang angel :
بسم الله الرحمن الرحيم الله حفيظ الله حفيظ الله حفيظ
Ya Allah kulo dugi ngriki panjenengan ingkang duge’ake ngriki , kulo nyuwun panggenan kulo nyuwun margi saget baling jumroh.
NIAT ADUS KERONO IHROM :
نويت الغسل للاحرام
(Kulo niat adus keranten ihrom.)
NIAT SHOLAT SUNNAT KERONO IHROM
اصلى سنة الاحرام ركعتين لله تعالى
Kulo sholat sunnat ihrom kaleh rekaat keranten Allah.
NIAT UMROH
نويت العمرة واحرمت بها لله تعالى
Kulo niat umroh lan niat ihrom umroh keranten Allah.
NIAT HAJI
نويت الحج واحرمت بها لله تعالى
Kulo niat haji lan ihrom haji keranten Allah
NIAT HAJI QIRON
نويت الحج والعمرة واحرمت بهما لله تعالى
Kulo niat haji lan umroh lan niat ihrom haji umroh keranten Allah.
DO’A TALBIYAH
لبيك اللهم لبيك، لبيك لا شرك لك لبيك، ان الحمد والنعمة لك والملك لا شركلك X 3
اللهم صل على سيد نا محمد وعلى ال سيد نامحمد
اللهم انانسءلك رضاك والجنة ونعوذبك من سختك والنار
Artine : Ya Allah kulo nyuwun ridlo lan suwargo panjenengan, lan nyuwun pangrekso saking bendu lan neroko panjenengan

DO’A MLEBU KOTA MEKKAH
اللهم هذا حرمك وامنك فحرم لحمي ود مي وشعري وبشري على النار واامني من عذا بك يوم تبعث عبد ك واجعلني من او لياءك واهل طاعتك
Ya Allah meniko tanah haram panjenengan lan panggenan ingkang aman, mugi nebihake daging kulo , getih, rambut lan kulit kulo saking neroko. Lan mugi paring aman dateng kulo saking sikso panjenengan . Lan mugi dadosake kulo klebet golongane tiang-tiang ingkang dados kekasih panjenengan lan ahli taat dateng panjenengan.

DO’A MLEBU MASJIDIL HARAM
اللهم انت السلام ومنك السلام واليك يعود السلام فحينا ربنا بالسلام وادحلنا الجنة دار السلام تبا ركت ربنا وتعاليت يا ذا لجلال والاكرام اللهم افتح في ابواب رحمتك. بسم الله والحمد لله والصلاة والسلام على رسول الله
DO’A NALIKO NINGALI KA’BAH
اللهم زد هدالبيت تشرفا وتعظيم وتكريما ومهابة وزد من شرفه وكرمة ممن حجه اواعتمروتعظيما وتكريما وبرا
Ya Allah mugi paring tambah kemulyaan , keagungan dan kehormatan lan kewibawaan dateng Baitulllah meniko. Lan mugi paring tambah dateng tiang-tiang ingkang mulyaake , ngormati lan ngegongake saking tiang ingkang ngelampahi haji utawi umroh kelawan kemulyaan, kehormatan lan kesahehan.

DO’A THOWAF
Naliko ngusap / isyaroh Hajar Aswad
بسم الله والله اكبر اللهم ايمنا بك وتصديقا بكتابك ووفاء بعهدك واتباعا لسنة نبيك محمد صلى الله عليه وسلم اللهم اني اسءالك العفو والعاقبة والمعافاة الدائمة في الدين والدنيا والاحرة والفوز بالجنة والنحاة من النار
Bismillah wallahu Akbar, Ya Allah kulo thowaf meniko keranten iman dateng panjenengan, ngleresake dateng kitab panjenengan, nuhoni janji panjenengan, lan derek sunnahe nabi panjenengan, nabi Muhammad saw. Ya Allah kulo yuwun dateng panjenengan ; pangapunten, kesehatan, lan kesejahteraan ingkang langgeng ingdalem urusan agami, wonten ing dunyo lan akirot, lan bejo pikantuk suwargo lan slamet saking neroko.
Naliko tumeko ngarep pintu ka’bah
اللهم ان البيت بيتك والحرم حرمك والامن امنك وهذا مقام العا ئذ بك والنا ر
Ya Allah , Baitullah meniko dalem panjenengan, tanah ingkang mulyo meniko tanah haram panjenengan, negeri ingkang aman meniko negeri panjenengan ,lan panggenan meniko panggenan tiang ingkang yuwun pangrekso dateng panjenengan saking sikso neroko.

Naliko tumeko rukun iroqi
اللهم اني اعوذ بك من الشك والشرك والشقاق والنفاق وسوء الاحلاق في الاهل والمال والولد
Ya Allah kulo yuwun perlindungan dateng panjenengan saking keraguan ,syirik, congkreh, munafik, awone budi pekerti ing dalem keluargo; bondo lan anak.
Naliko tumeko ing talang
اللهم اظلني في ظلك يوم لا ظل الا ظلك واسقني بكآس نبيك
سيدنا محمد صلى الله عليه وسلم هنيءالا اظمآ بعده ابدا يا ذالجلال و الاكرام
Ya Allah mugi ngaupi dateng kulo ingdalem pengaupan panjenengan wonten ing dinten mboten wonten pengaupan kejawi namung pengaupan panjenengan , lan mugi paring inuman dateng kulo saking telagane nabi Muhammmad saw,ingkang mboten bade ketelak selamine sak sampune meniko.
Antar rukun syami lan rukun yamani.
اللهم اجعله حجا مبرورا وسعيا مشكورا وذنبا مغفورا وعملا مقبولا وتجارة لن تبور يا عزيز يا غفور
Ya Allah panjenengan dadosake haji kulo meniko haji ingkang mabrur, sa’i ingkang dipun tampi, doso ingkang dipun ngapunten, amal ingkang dipuntampi, lan usoho ingkang mboten rugi.
Antarane rukun Yamani lan Hajar Aswad
ربنا اتنا في الدنيا حسنة وفي الاخرة حسنة وقنا عذا ب النار وادخلنا الجنة مع الابرار يا عزيز يا غفار يا رب العالمين
Duh pangeran kulo, mugi maringi kesahenan dateng kulo wonten dunyo lan akhirot, lan mugi ngrekso dateng kulo saking sikso neroko lan nglebetake kulo ing suwargo sertane tiang-tiang ingkang damel kesahenan.

DO’A SA’I
Do’a Naliko ing Shofa lan Marwah
الله اكبر الله اكبر الله اكبر الله اكبر ولله الحمد الله اكبر على ما هدا نا والحمد لله على ما اولا نا لاله الا الله وحده لا شريك له له الملك وله الحمد يحيى ويميت بيده الخير وهو على كل شيء قدير نا لاله الا الله وحده لا شريك له انجز وعده ونصر عبده وهزم الاحزا ب وحده نا لاله الا الله ولا نعبد الا ا ياه مخلصين له الد ين ولو كره الكا فرون

Naliko mlaku lan mlayu antarane shfa lan marwah
رب اغفر وارحم وتجا وز عما تعلم انك انت الاعز الاكرم ؛ اللهم اتنا في الدنيا حسنة وفي الاخرة حسنة وقنا عذا ب النار
Duh pengeran kulo mugi ngapunten duso kulo ,mugi melasi awak kulo , lan mugi nutupi doso kulo ingkang panjenengan pirsani. panjenengan pangeran kulo ingkang moho Agunglan moho Mulyo. Ya Allah mugi maringi kesahenan dateng kulo wonten ing dunyo lan akhirit lan mugi ngerekso dateng kulo saking sikso neroko.




PANGGONAN ZIYARAH ING MADINAH
MASJID NABAWI
Naliko mlebu masjid supoyo dongo
بسم الله الرحمن الرحيم رب ادخلني مدخل صدق واخر جني مخرج صدق واجعل لي من لدنك سلطانا نصيرا رب اغفرلي ذنو بي وافتح لي ابواب رحمتك وفضلك وا د خلني فيها يا ارحم الرا حمين
Yen wis mlebu masjid nuli mlebu ing panggonan kang di sebut Raudloh yen biso, nuli sholat sunnat 2 rekaat . Niate sholat sunnnat tahiyatul masjid. Rampung sholat terus sowan kanjeng nabi Muhammad saw, kanti madep alhujrotus syarifah (dalem ingkang mulyo) nuli salam;
السلا م عليك يا رسو ل الله،ا لسلا م عليك يانبي الله، لسلا م عليك يا حبيب الله ا لسلا م عليك يا خير خلق الله،ا لسلا م عليك وعلي اهل بيتك وعلي ا صحا بك وازواجك وعلي سا ئر الانبياء والمرسلين وعباد الله الصالحين ورحمة الله وبركا ته ا شهد ان لااله الا الله واشهد انك عبده ورسوله
Kanjeng rosul kawulo saking tebih merloake panjenengan , yuwun pangapunten dateng Allah saking sedoyo doso kolu lan yuwun syafaat panjenengan tumuju dateng ridhonipun Allah . Kanjeng Rosul kulo panjenengan dongaake saget sowan panjenengan tiap tahun , nanging menawi kulo dereng saget sowan panjenengan , kulo sampun dipun pundut pangeran , panjenengan sekseni syahadat kulo : ASY HADU AL LAAM ILAHA ILLALLAH WAASYHADU ANNA MUHAMMADAR ROSULULLAH.
Kanjeng rosul panjenengan dongaake saget sowan dateng panjenengan bojo kulo, sedoyo anak kulo, sederek-sederek kulo , guru kulo, konco-konco kulo, tamu-yamu kulo sedoyo ingkang sami pesen dungo dateng kulo ( pak bidin sekalian....)
Kanjeng rosul kulo ngatorake salamipun ......... Assalamualaika ya rusulullah.......
السلام عليك يارسو ل الله من .....
Nuli geser menengen kiro-kiro setengah meter nuli uluk salam marang sayyidina Abu Bakar:
السلام عليك يا خليفه رسول الله ، السلام عليك يا ابي بكر الصديق ورحمة الله وبركاته
Nuli geser menengen kiro-kiro setengah meter nuli uluk salam marang sayyidina Umar bin Khottob:
السلام عليك ياامرلمؤمنين عمر ابن الخطاب ورحمة الله وبركاته
Sakwuse rampung salam, yen isih ono wektune Bli maneh marang Rosulullloh, sholat sunnat nuli bali marang maktab.
Amalan – amalan ing Masjid Nabawi.
Yaiku sholat arbain ( sholat patang puluh sholatan), ziyarah lan tawassul marang kanjeng nabi Muhammad, ngakeh – ngakehake sholat sunnat khususe ono ing Roudloh. I”tikaf, moco qur’an, ngakeh – ngakehake moco sholawat.
Sholawat Idrokiyah.
الصلا ة والسلام عليك يا سيدي يا رسول الله حذ بيدي فلن حبلتي ادركني

2. Baqi’
Baqi’ yaiku kuburan ing Madinah. Pirang – pirang shohabat, poro syuhada’ disareake ing Baqi’. Ing antarane : Sayyidina Usman bin Affan, Halimah Assa’diyah, Sayyidah Fatimah binti Asad ( ibune Sayyidina Ali), Sayyid Hassan bin Ali, Sayyidina Abbas (pamane kanjeng Nabi), Sayyidatina Fatimah binti Rosul, kabeh garwane kanjeng Nabi seliyane Sayyidatina Khodijah . prayogo banget ziarah ing Baqi’ kene ora ketang naming sepisan. Dene carane ziyaroh podo karo ziyaroh marang poro wali ing tanah Jawa.
3. Masjid Quba’
Masjid Quba’ yaiku masjid kang pertama dibangung deneng Kanjeng Nabi naliko panjenengane lagi rawuh ing Madinah sedurunge mlebu kutho. Ing masjid kene sholat sunnat tahiyyatu; masjid rong rekaat nuli ndongo
4. Jabal Uhud
Jabal Uhud yoiku gunung kanggo perang naliko kaum musyrikin Mekkah arep nyerang Kanjeng Nabi sak shohabate. Kedaden ing wulan syawal tahun telu Hijrah. Ing Uhud kene pesareyane Sayyidina Hamzah lan poro Syuhada’ uhud liyane. Ono ing kene prayogo ziyarah marang Sayyidina Hamzah lan Syuhada’ Uhud liyane, nuli uluk salam:
السلام عليكم ياسيد نا حمزه ورحمة الله وبركاته سلام عليكم يا شهداء احد ورحمة الله وبركاته
Nuli tahlil sakcukupe
5. Masjid Qiblataini
Kanjen Nabi Muhammad SAW sakjerone 16 wulan ing Madinah yen sholat ora madep Ka’bah ing Mekah nanging madep Baitul Maqdis. Siji wektu Kanjeng Nabi pinuju sholat ing salah sijine Masjid cilik, ing tengah – tengahing sholat kanjeng Nabi nompo wahyu supoyo pindah qiblat, yoiku madep Ka’bah ing Mekah. Saknaliko Kanjeng Nabi madep Ka’bah. Poro makmum ugo podo manut kanjeng Nabi madep Ka’bah. Wiwit iku masjid kang dienggoni sholat Kanjeng Nabi disebut Masjid Qiblataini. Ono ing kene sholat sunnat tahiyyatul masjid rong rekaat kerono tabarruk kelawan petilasane kanjeng Nabi lan poro sholihin.
6. Ziyarah wada’
Yen wis arep bali ninggalake Madinah supoyo ziyarah Wada’ / pamit. Carane mengkene :
Mlebu masjid nuli sholat tahiyyatul masjid rong rekaat. Sak biso – biso ing roudloh nuli sowan kanjeng Nabi, sowan sayyidina Abu Bakar lan sayyidina Umar kelawan coro kang tinutur ngarep. Nuli bali maneh ing ngersane kanjeng Nabi matur mengkene :
الوداع يا رسول الله – الامان يا حبب الله
Kulo nyuwun pamit Ya Rosulullah, Kulo nyuwun pamit Ya Habiballah. Mbok bilih Allah paring panjang umur, kulo badhe sowan mriki maleh, ananging menawi kulo dereng saget sowan panjenengan kulo sampun dipundut pengeran, panjenengan sekseni :
ASY HADU AL LAA ILAHA ILLALLAH WAASYHADU ANNA MUHAMMADAR ROSULULLAH.
Ya Allah ya Robbi bijahi habibika wanabiyyika muhammadi SAW. Mugi – mugi kawulo panjenengan paringi saget wangsul sowan wonten ngriki maleh lan mugi – mugi kawulo panjenengan paringi selamet sak lebetipun kawulo wangsul dateng negeri kawulo, selamet lahir batin ngantos dumugi ing griyo kawulo, pinanggeh kaliyan kawulo wargo lan sanak famili sedoyo, sarono mbeto haji mabrur lan ziyarah lan ziyaroh makbulah, amiin ya robbal alamin.
Sakwuse mengokono nuli ninggalake kanjeng nabi kanti ngaturake salam, kang dibarengi perasaan sedih, elom jalaran arep pisah adoh :
السلام عليك يا رسل الله ورحمة الله وبركاته
Nuli bali marang Roudloh sholat sunnat maneh rong rekaat. Sak wuse salam terus metu sarono moco sholawat :
اللهم صل علي سيد نا محمد وعلي ال سيد نا محمد
Tata kramane bali muleh marang kampong :
1. Naliko arep numpak kendaraan arep bali (podo ugo kendaraan bis utowo pesawat) supoyo moco,
لااله الا الله وحده لا شرك له ، له الملك وله الحمد وهو علي كل شيء قد ير ا يبو ن تا ئبون عا بد و ن ساجدو ن لربنا حا مد و ن صدق الله وحده ونصر عبده وحزم الا حزا ب وحده
Yen wis arep teko negarane supoyo moco
اللهم اني اسءلك خيرها وخير اهلنا وخير ما فيها وا عو ذ بك من شرها وشر اهلها وشر ما فيها
Ya Allah kulo nyuwun dateng panjenengan kesahenanipun negeri meniko, lan sahe pendudukipun serto kesahenanipun perkawis ingkang wonten lebetipun negeri. Kulo nyuwun prangekso panjenengan saking awone negeri meniko lan awone penduduk serto awone perkawes ingkang wonten ing lebetipun negeri meniko.
Yen wis teko ing kampung supoyo njujug masjid nuli sholat sunnat rong rekaat yoiku sholat tahiyyatul masjid. Nuli yen mlebu omah ugo disunnatake sholat rong rekaat nul ndongo nyuwun berkah ulihe ngibadah haji.
Maliko mlebu omah sunnat moco :
توبا توبا لربنا اوبا لا ثغا د ر حوبا
Wong kang mapak haji sakwuse ngaturi salam supoyo moco:
قبل الله حجك وغفر ذنبك واخلف نفقتك
Artine : mugi – mugi Allah nampi ibadah haji panjenengan nyepunten dosa panjenengan lan ngantos ongkos – ongkos haji panjenengan.

DOA DIPUN WAHOS SAK SAMPUNIPUN NIDAAKE IBADAH HAJI
بسم الله الرحمن الرحيم الحمد لله رب العا لمين اللهم صل علي شيدنا محمد صلا ة تبلغنا بنا حج بيتك الحرام وزيارة قبر نبيك محمد عليه الصلا ة والسلام في لطفي وعا فية وصحة وسلا مة وبلوغ المرام وصحبه وسلم اللهم انا نسءلك السلامة والعفو والعافية والمعا فاة الداءمة في الدين والدنيا والاحرة والفوز بالجنة والنجاة من النار .
Ya Allah kulo nyuwun dumateng panjenengan: keselametan, pangapunten, kesehatan, lan kesejahteraan ingkang langgeng ing ndalem urusan agami wonten ing donyo lan akhirat, lan untung pikantuk suwargo lan selamet saking neroko.
اللهم اجعلنا واهلنا واولادنا وذريا تنا واصد قا تنا وضيو فنا ومن اوصاني بالدعاء من اهل العلم واهلل الخير ولا تجعلنا واياهم من اهل الشر والضير والرزقنا واياهم رزقا واسعا حلالا طيبا كا فيا مباركا وارزقنا واياهم زيارة بيتك الحرام وقبر نبيك محمد صلي الله عليه وسلم مرة بعد مرات انك علي كل شءقدير
Ya Allah! Kulo, keluargo kulo, anak-anak kulo, tanggi kulo, sedoyo tamu kulo lan tiang-tiang ingkang sami pesan dongo kulo mugi panjenengan dadosake tiang-tiang ingkang ahlul ilmi lan ahli amal kesahenan, lan ampun panjenengan dadosake yiang-tiang ingkang tumindak awon lan damel kemlaratan, lan mugi paring rizqi ingkang katah, halal tur sahe, rizqi ingkang yekapi tur berkah, lan saget ziyaroh ing tanah haram lan sarehane kanjeng Nabi Muhammad SAW kanthi wongsal wangsul.
اللهم اجعلنا حجا مبرورا وسعيا مشكو را وذنبا مغفو را وعملا مقبو لا وتجا رة لن تبو ر يا عا لم ما في الصد و ر اخر جنا يا الله من الظما ت الي النو ر
Ya Allah panjenengan dadosake haji kulo meniko haji ingkang mabrur, sa’I ingkang dipun tampi, doso ingkang dipun ngapunten ,amal ingkang tampi, lan usaha ingkang mboten rugi.
ر بنا اتنا في الد نيا حسنه وفي الا خرة حسنه وقنا عذاب النا ر وا د خلنا الجنة مع الا برا ر يا عزيز يا غفا ر يا رب العا لمين
Duh pangeran kulo,mugi maringi kesahenan dateng kulo wonten dunyo lan akhirot , lan mugi ngerekso dateng kulo saking sikso neroko, lan ngelebetake dateng kulo ing suwargo.

وصلى الله على محمد و على اله وصحبه وسلم والحمد الله رب لعالمين امين
دعاء بعد الصلاة
بسم الله الرحمن الرحيم الحمد الله رب العالمين حمدا يوا في نعمه ويكا في مزيده يا ربنا لك الحمد كما ينبغي جلال وجهك وعظيم سلطا نك .
اللهم صل وسلم وبا رك على سيد نا محمد التورالذاتي والسري في سالم الاسماء والصفات وعلى اله وصحببه وسلم انا نسءلك السلامة والعفو والعقبة والمعافاة الدائمة في الدين والدنيا والاحراة والفؤد باالجنة والنجاة من النار
Ya Allah kulo nyuwun dumateng panjenengan selamet, pangapunten , kesehatan, lan kesejaheteraan ingkang langgeng , ing dalem agami ing dunyo lan akhirot, lan untung pikantuk suwargo lan selamet saking neroko.
اللهم انا نسءلك ايمانا كاملا ويقينا صادقا ورزقا واسعا وقلبا خشعا ولسانا ذاكرا وحلالا طيبا وتوبة نصوحا وتوبة قبل الموت وراحة عند الموت ومغفرة ورحمة بعد الموت والعفو عندا لحساب والفوزا بالجنة والنجا ت من النار برحمتك يا عزيز يا غفار . رب زد ني علما والحقني بالصالحين
Ya Allah kulo nyuwun dumateng panjenengan , iman ingkang sampurno , keyakinan ingkang leres, rizqi ingkang jembar , ati ingkang khusu’,lisan ingkang selalu dzikir , rizqi ingkang halal tur sahe , taubat ingkang tulus,, taubah sakderenge pejah, ketenangan naliko pejah, , pangapunten lan rohmat, saksampunipun pejah, pangapunten naliko hisab, kauntungan pikantuk suwargo lan selamet saking neroko. Duh pengeran kulo, mugiho pareng tambah dateng kulo kaliyan tiyang – tiyang ingkang sholih.
اللهم انا نسءلك رضاك والجنة ونعوذ بك من سختك والنار
Ya Allah kulo nyuwun ridlo panjenengan lan suwargo, lan kulo nyuwun pangrekso saking bendu panjenengan lan neroko.
اللهم اجعلنا واهلنا واولادنا وذريا تنا من اهل العلم واهل الخير ولا تجعلنا واياهم من اهل الشر والضير وارزقنا واياهم رزقا واسعا حلالا طيبا كافيا مبركا
Ya Allah! kulo , keluargo kulo, anak-anak kulo, mugi panjenengan dadosaken tiyang – tiyang ingkang ahli ilmu lan ahli kesahenanlan ampun panjenengan dadosaken tiang – tiang tumindak awonlan damel kemlaratan lan nugroho paring rizki ingkang jembar, halal tur sahe, rizki ingkang nyekapi tur berkah.

اللهم اكشف عنا من البلاء والوباء والخلاء والقحط وجميعمالامراض وموت الفاءة والطاعون مالا يكشفه غيرك
Ya Allah! Mugi ngicalake saking kito rupi perkawis ingkan mboten wonten ingkang saget ngicalake kejawi panjenengan, inggih puniko balak, penyakit ingkang sumrambah, larang pangan, kepahilan, sedoyo penyakit, pejah ingkang dadak lan toun.
اللهم اغفرلنا ذنوبنا وكفر عنا شيا تنا وتوفنا مع البرار. اللهم اغفرلنا ولولدينا كما ربيانا صغيرا ولمشيحنا واستذ نا ولجميع المؤمنين والمؤمنات وا لمسلمين والمسلما ت الاحياء والاموات
Ya Allah! Mugi ngapunten dosa – dosa kulo lan ngelebur pinten – pinten amal awon kulo, lan mugi mundut kulo sareng tiang – tiang ingkang sahe. Ya Allah! Mugi ngapunten dateng kulo lan tiang sepah kaleh kulo kados dene tiang sepah kaleh ngitik – ngitik dateng kul naliko takseh alit. Lan mugi ngapunten dateng masyayeh kulo, giru – guru kulo, sedoyo tiang mukmin jaler lan estri, sami ugi ingkang taksih gesang utawi ingkang sampun kapundut.
ربنا اتنا في الدنيا حسنة وفي الاخرة حسنة وقنا عذا ب النار واد خلنا الجنة مع الابرار يا عزيز يا غفار يا رب العالمين
Duh pengeran kulo! Mugi maringi kesahenan dateng kulo wonten dunyo lan akhirat. Lan mugingrekso dateng kulo saking sikso neroko, lan nglebetake dateng kulo ing sewargo sareng tiang – tiang ingkang sahe.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar